Nulis cerita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake yaiku

Nulis cerita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake yaiku

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

Nulis cerita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake yaiku

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

No Text Content!

E-MODUL BASA JAWA Kelas 3 Semester 2 Oleh: Tia Ratna Wulandari, S.Pd Atur pambuko Puji Syukur dhumateng Pangeran ingkang Maha Kuwaos bilih Kita tansah dipun tuntun lan dipun tedahaken margi ingkang leres, aengga Kita saged mujudaken satunggaling rerangken wucalan Basa Jawi kanthi pangajab sageda mbiyantupara siswa anggenipun sami nggegulang, nguri-uri Basa Jawi. E-Modul punika isinipun salaras kaliyan kurikulum 2013 Mata Pelajaran Basa Jawa kagem Jenjang Pandhidhikan Sekolah Dasar (SD). Wucalan Basa Jawi punika tujuanipun supados para siswa trampil ngginakaken Basa Jawi ingkang sae lan leres, Pramila E-Modul punika dipun jangkepi gladhen, lan gambar. E-Modul punika taksih kathah kekiranganipun, Pramila panyuruwe saking sinten kemawon ingkang awujud kasaenan tuwin kasampurnaning E-Modul punika tansah kaantu-antu. Wasana cakep semanten mugi-mugi E-Modul Punika maedahi tumrap kemajenganipun wucalan Basa Jawi ing Sekolah Dasar lan gesangipun Basa Jawi. Nuwun. Desember 2020 Penyusun Kompetensi Inti KI 1 : Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. KI 2 : Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru, KI 3 : Memahami pengetahuan factual dan konseptual dengan cara mengamati, mendengar, melihat, membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah dan tempat bermain. KI 4 : Menyajikan pengetahuan factual dan konseptual dalam Bahasa yang jelas, logis dan sistematis, dalam karya yang estetis, dalam Gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam Tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kompetensi DASAR 1.1 : Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa 2.1 : Menunjukkan perilaku bertanggungjawab, santun dan percaya diri dalam mengungkapkan keinginan dan pendapat menggunakan Bahasa Jawa. 2.2 : Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun, ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa ( unggah-ungguh basa). 2.3 : Menunjukkan perilaku, Tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa. 3.1 : Memahami tembang macapat Pocung. 3.2 : Mengapresiasi cerita pengalaman yang menarik. 3.4 : Memahami huruf Jawa Legena (Lengkap 20 Huruf) 4.1 : Membaca teks naratif tentang Budaya dengan lafal dan intonasi yang tepat ( 15 – 20 Kalimat) 4.2 : Menulis dan menyajikan cerita pengalaman yang menarik menggunakan ragam ngoko, 4.4 : Membaca dan menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa Legena ( Lengkap 20 huruf ) 01 WULANGAN 1 KABUDAYAAN OMPETENSI INTI KI 1 : Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. KI 2 : Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru, KI 3 : Memahami pengetahuan factual dan konseptual dengan cara mengamati, mendengar, melihat, membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah dan tempat bermain. KI 4 : Menyajikan pengetahuan factual dan konseptual dalam Bahasa yang jelas, logis dan sistematis, dalam karya yang estetis, dalam Gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam Tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kelas 3 semester 2 OMPETENSI dasar Dan ujuan pembelajaran 1.1 : Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa 2.1 : Menunjukkan perilaku bertanggungjawab, santun dan percaya diri dalam mengungkapkan keinginan dan pendapat menggunakan Bahasa Jawa. 3.1 : Memahami tembang macapat Pocung. 4.1 : Membaca teks naratif tentang Budaya dengan lafal dan intonasi yang tepat ( 15 – 20 Kalimat) ujuan pembelajaran Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa mampu : 1. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam tembang Pocung 2. Menjawab pertanyaan tentang isi tembang Pocung. 3. Melafalkan kata secara benar. 4. Membaca kalimat dengan lafal dan intonasi yang benar. 5. Membaca teks naratif tentang Budaya dengan lafal dan intonasi yang benar. Kelas 3 semester 2 Kabudayaan Blegere Kabudayan Jawa bisa Kaperang dadi rong golongan yaiku Kabudayan lahir lan batin. Kabudayaan batin iku kanggo kaperluan batin utawi jiwa. Carane nggilut kabudayaan batin iku sarana laku, yaiku lakuning kalbu. Yen Kabudayan Lair iku kanggo kaperluane lair. Carane Nggilut iku sarana Sinau. Salah sawijing kabudayaan lair yaiku tembang. Tembang Jawa Kaperang dadi papat jinise, Yaiku tembang gedhe, tembang tengahan, tembang dolanan lan tembang Macapat. Ana piwulangan iki, kita bakal nyinaoni babagan tembang jawa macapat, Utamane tembang macapat Pocung. Sak durunge ngrembug babagan tembang Macapat Pocung, Kowe kudu ngerti apa kang diarani tembang Macapat lan kang diarani tembang macapat ana pirang tembang. Tembang Macapat yaiku salah sawijing tembang tembang Jawa kang ngrembak ing tlatah Jawa kang duweni paugeran-paugeran tertentu. Cacahe tembang macapat ana 11 yaiku Maskumambang, Pocung, Gambuh, Megatruh, Mijil, Kinanthi, Durma, Pangkur, Asmaradana, Sinom, lan Dhandhang Gulo. Ana piwulangan iki bakal ngrembuh Tembang Macapat Pocung. Supaya luwih gambling maneh ngenani tembang macapat Pocung, gatekna materi ana ing Piwulangan iki. Tembang Jawa kaperang dadi 4 yaiku: Tembang GeAd. hTeEM, BTAeNmGbMaAnCgATPeATngPaOhCaUnN,GTembang Dolanan lan tembang Macapat. Tembang gedhe lan tembang tengahan wis arang banget dirungu. Tembang dolanan kalebu tembang gagrak anyar sing popular. Dene Macapat soko tembung maca papat – papat amarga tembang macapat dirakit saben patang wanda. Tembang macapat iku reriptan kang nganggo paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Ing wulangan iki ayo sinau babagan tembang Macapat Pocung. 1. Tembang Pocung : Tembang Pocung iku kalebu jenis tembang Macapat kang duwe paugeran utawa pathokan ing ngisor iki : a)Guru Gatra: cacahe gatra (larik/baris) saben sapada (bait). b)Guru Wilangan: Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). c)Guru Lagu : Tibane swara (vocal) ing pungkasane gatra (larik). Coba gatekna tembang macapat Pocung ing ngisor iki banjur tembangna ! Pocung Laras Slendro Pathet sanga Ba-pak Po-cung ren-teng ren-teng ka-ya ka-lung 2 2 2 2 5 5 5 6 5 53 2 Da-wa ka-ya u-la pen-cok-an-mu we-si mi-ring 5 6 5 2 1 6 6 1 6 2 1 6 16 5 Sing di-sa-ba si po-cung mung tu-rut ku-tha 2 2 2 2 1 1 6 5 6 2 61 1 2. Paugeran Tembang Macapat Pocung Sawise maca lan nembangke tembang macapat Pocung, sakiki coba gatekna paugeran tembang macapat Pocung ing ngisor iki! a. Guru Gatra: Guru gatra ing Tembang macapat Pocung, yaiku 4 gatra. b. Guru Wilangan : Guru wilangan ing tembang macapat pocung, yaiku 12, 6, 8, 12. c. Guru Lagu : Guru lagu ing tembang macapat pocung yaiku u, a, I, a. Dadi manawa ditulis kanthi ringkes guru lagu lan guru wilangan ing tembang macapat Pocung yaiku 12u, 6a, 8i, 12a. Gladhen 1 Tembangna tembang “Pocung” kang ana ing dhuwur kuwi kanthi nggatekna titi laras lan cakepan kang trep bebarengan karo kaluwargamu! B. ISI TEMBANG MACAPAT POCUNG Tembang Macapat Pocung biyasane ngandhut cangkriman utawa bedhek-bedhekan sing wangsulane kudu digolei sing nambangake utawa sing ngrungoake. Supaya bisa mangerteni isine tembang , kowe kudu bisa negesi tembung-tembung sing ana ing tembang kasebut. Gatekna tegese tembung ing cakepan tembang Pocung ing dhuwur kang ana ing ngisor iki. NO TEMBUNG TEGES 1 Pocung Jenenge Tembang Macapat. 2 Bapak Pocung Sing kudhu dibedhek. 3 Renteng-renteng Gegandhengan. 4 Kalung Barang sing wujude bunder digawe saka emas, perak, utawa Mutiara. 5 Ula Salah siji kewan sing wujude dawa lan ana sebageyan sing duweni wisa. 6 Pencokan Papan kang digunakake kanggo nempel. 7 Wesi Logam sing kuat lan abot. 8 Miring Dhoyong, kahanan sawijining barang sing arep tiba nanging during nganti tiba. 9 Disabani Diparani. 10 Turut Papan sing diliwati. 11 Kutha Papan panggonan sing akeh pawongane. Menawa dirembakakake, kira-kira karepe tembang Pocung ing dhuwur yaiku: Bapak Pocung (sing kudu dibedhek)gegandhengan kaya kalung. Bapak Pocung (sing kudu dibedhek) dawa kaya ula Bapak Pocung (sing kudu dibedhek) nempel ing wesi sing miring Bapak Pocung (sing kudu dibedhek) sing diparani mung papan sing akeh pawongane. Wangsulan saka tembang Pocung ing dhuwur yaiku : Sepur. Gladhen 2 Coba sakiki gatekna padha cakepan tembang Pocung ing ngisor iki banjur garapen pitakonan ing ngisore ! Pocung Bapak Pocung dudu watu dudu gunung Sangkamu ing sabrang Ngon-ingone sang bupati Yen lumampah si Pucung lembehan grana I. Golekana tegese tembung-tembung ing ngisor iki ! NO TEMBUNG TEGES 1 Pocung 2 Bapak Pocung 3 Dudu 4 Gunung 5 Sangka 6 Sabrang 7 Ngon-ingon 8 Bupati 9 Lumampah 10 Lembehan 11 Grana II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Tembang macapat ing dhuwur diarani tembang apa? 2. Sing sinebut bapak pocung ing dhuwur sabane ana ngendi? 3. Sing sinebut bapak pocung ing dhuwur ngon-ingone sapa? 4. Sing sinebut bapak Pocung ing dhuwur lembehan apa? 5. Pada tembang macapat ing ndhuwur ana pirang gatra? C. TEKS NARATIF NGENANI BUDAYA Teks Naratif yaiku wacana kang ngandharake pokok pikiran sing bisa njembarake wawasan utawa pangertene sing maca. Gegayutan karo maca, nalika sinau maca ing basa jawa kudu bisa mbedakake anggone ngucapake tetembungan sing wujud tulisane saklerapan padha, ananging anggone ngucapake beda. Coba gatekna tuladhane tembung-tembung sing meh padha ing ngisor iki. TEMBUNG 1 TEMBUNG 2 Tembung Tegese Tembung Tegese Mantuk Mulih Manthuk Ndhungklukake Wedhi sirah Wedi Ora Wani Pati Pasir Pisahe nyawa Kutuk saka badan Pathi Sari saka Jeneng Iwak Kuthuk Pohung Pitik sing iseh cilik Tembung 1 lan 2 ing dhuwur nalika disawang lan dirungokake kaya-kaya padha. Ananging, manawa dirungakake kanthi temenanan, tembung 1 lan 2 munine beda, mula tegese uga beda. Saliyane nggatekake kepriye carane maca tembung sing bener, kudu digatekake uga carane maca ukara. Dadi, saben arep maca sawijining ukara kudu digatekake luwih dhisik ukara kasebut kalebu ukara apa (pakon, pitakon, utawa pawarta). Sakdurunge diwaca migunani kanggo mangerti maksud utawa karepe sing micara. Ing ngisor iki tuladhane maneka warna ukara. Coba gatekna! 1. Simbah ngunjuk kopi : kalebu ukara Pawarta. 2. Simbah ngunjuk kopi?: kalebu ukara pitakon. 3. Simbah ngunjuk kopi! : kalebu ukara pakon. Ukara Pawarta, ukara pitakon, lan ukara pakon ing dhuwur diwaca kanthi beda siji lan liyane. Ukara pawarta diwaca biasa. Ukara pitakon diwaca kanthi luk-lukan swara kaya lagi takon. Dene ukara pakon diwaca kanthi luk-lukane swara kaya lagi mrintah. Bedane carane maca ukara gawe teges saben ukara beda uga. Gladhen 3 Wacanen ukara-ukara ing ngisor iki nganggo luk-lukan swara kang trep ! 1. Saiki aku uwis kelas telu SD. 2. Apa kowe uwis kelas telu SD? 3. Jupuken Sandhalmu kuwi! 4. Denis lagi mangan lotis. 5. Solikin lagi lara demam berdarah? D. MACA TEKS NARATIF BABAGAN BUDAYA Magepokan karo kabudayan, ing ngisor iki ana teks naratif ngenani salah sawijining budaya babagan kesenian masyarakat sing esih tetep dieluri ing bebrayan agung, yaiku Reog Ponorogo. Wacanen teks Naratif “ Sadranan”Ing ngisor iki kanthi bener ! Sadranan Wis dadi budaya ing padesan saben taun, nalika sasi ruwah sadurunge pasa wong-wong padha ngayahi sing jenenge sadranan. Sadranan mujudake kabudayan ing tanah Jawa, kang isine ngirim donga kanggo para leluhur ing pasareyan kanthi donga bareng-bareng lan dipandegani sesepuhing desa utawa wong kang wasis babagan Agama. Biyasane sakdurunge sadranan kawiwitan, para kulawarga padha nyekar luwih dhisik ing makam lan nggawa panganan sing bakal diaturake panitia sadranan. Sabanjure para warga masyarakat kang leluhure disareake ing makam padha lenggahan sesarengan. Sawise kabeh samapta ing gati, Upacara sadranan diwiwiti lan diacarai kanthi becik, banjur maca surat Yasin lan Tahlilan kang dipimpin dening pak Modin. Kabeh mau ujube kanggo dongakake para lelulhur kang wes seda. Sawise donga, kabeh banjur mirengake atur pambagya saka Panitia lan nyaosi arta kanggo juru kunci makam. Sawise kui, Para kadang taruna padha ngladekake pasugatan dhaharan kang diasta para warga. Dhaharan mau diwadhahi besek, di dum rata, banjur didhahar bebarengan. Kang nekani sadranan akeh banget, yaiku para anak putu, sanak kadang, tuwo enom, padha tumplek blek ing sadranan. Malah warga kang bara lan nyambut gawe ing jaban rangkah utawa ing kutha padha nglegakake menyang desa saperlu nyadran lan ziarah para leluhur kang wis seda. Kapethik saka Widya Utama Basa Jawa 3 Kca 79-80 Gladhen 4 I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep ! 1. Sadranan iku tradhisi apa? 2. Sadranan ditindakake saben sasi apa? 3. Sakdurunge sadranan diwiwiti, para kaluwarga padha nindakake apa? 4. Sapa sing mimpin maca surat Yasin lan Tahlilan ing Upacara Sadranan? 5. Dhaharane Diadhahi apa? II. Tindakna miturut dhawuhe ing ngisor iki ! 1. Gawea klompok kang isine wong loro! 2. Salah siji maca teks wacan kanthi Irah-irah “ Sadranan”, lan liyane nyimak banjur menehi biji anggone kancane maca. 3. Tindakna kagiyatan ing dhuwur kanthi genti-genten. GLADHEN KOMPETENSI 01 I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener ! 1. Tembang Pocung kalebu jenise tembang … 2. Saben sapadha, tembang Pocung duweni … gatra. 3. Gatra kapisan tembang Pocung cacahe ana … wanda. 4. Guru Wilangan tembang Pocung gatra katelu yaiku … 5. 12u yaiku guru wilangan lan guru lagune tembang Pocung gatra … 6. Tembung kang tegese ora wani yaiku … 7. Sadranan dipandegani dening pak Modin utawa wong kang wasis babagan … 8. Kuthuk iku arane anak pitik, dening Kutuk iku arane … 9. Upacara Sadranan kalebu tradisi kang awujud … 10. Sadranan mengku tujuan ndongaake … II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener ! 1. Saben Sapada tembang Pocung, ana pirang Gatra? 2. Pithikmu Pakanana! Ukara iku kalebu ukara apa? 3. Sebutna Guru wilangan lan Guru Lagune tembang Pocung! 4. Apa Sadranan iku? 5. Makani – kutuk – mincing – Wawan – Siti – iwak, Kuthuk. Urutna tembung-tembung ing dhuwur supaya dadi ukara kang becik! 02 WULANGAN 2 PENGALAMAN OMPETENSI INTI KI 1 : Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. KI 2 : Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru, KI 3 : Memahami pengetahuan factual dan konseptual dengan cara mengamati, mendengar, melihat, membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah dan tempat bermain. KI 4 : Menyajikan pengetahuan factual dan konseptual dalam Bahasa yang jelas, logis dan sistematis, dalam karya yang estetis, dalam Gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam Tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kelas 3 semester 2 OMPETENSI dasar Dan ujuan pembelajaran 1.1 : Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa 2.2 : Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun, ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa ( unggah-ungguh basa). 3.2 : Mengapresiasi cerita pengalaman yang menarik. 4.2 : Menulis dan menyajikan cerita pengalaman yang menarik menggunakan ragam ngoko, ujuan pembelajaran Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa mampu: 1. Mengartikan kata-kata sulit dalam konteks kalimat. 2. Menjawab pertanyaan tentang isi cerita pengalaman yang menarik dalam ragam krama. 3. Menceritakan Kembali isi cerita pengalaman yang menarik dalam ragam krama. 4. Mengidentifikasi topik cerita tentang pengalaman yang menarik. 5. Menuliskan pokok-pokok cerita pengalaman yang menarik. 6. Menulis cerita pengalaman yang menarik dalam ragam ngoko. 7. Menyajikan cerita pengalaman yang menarik dalam ragam ngoko dengan cara membacakan karangan tulisannya. Kelas 3 semester 2 Pengalaman Saben uwong mesti dhuwe pengalaman dhewe-dhewe. Pengalaman kuwi yaiku kedadeyan kang uwis tau kok lakoni. Pengalaman iku ana kang nyenengake , lan ana kang nyusahake. Tuladhane pengalaman kang nyenengake kuwi kayata dadi juwara kelas, menang lomba, oelh hadhiah saka wong tuwa, lan lunga sawijining papan panggonan. Dene pengalaman kang nyusahake kuwi kayata dhompetku dicopet nalika ana ing bis, kowe tiba saka sepedha lan akeh contoh kang liyane.Pengalaman kui sejatine perkara kang didadekake guru kang becik. Tegese kita bisa sinau saka pengalaman kuwi. Coba saiki eling-elingen maneh, pengalaman opo kang uwis tau kok alami wiwit saka pengalaman nyenengake nganthi kang nrenyuhake. A. MACA TEKS CRITA PENGALAMAN Wacanen crita Pengalaman iki kanthi premati ! Plesir Menyang Pante Nglambor Aku seneng banget nalika dina Minggu tiba, amarga aku lan kulawargaku bakalan menyang pante. Udakara jam 8 aku wis dandan rapi. Sak durunge budhalk menyang pante, aku, Bapak, lan Ibuku sarapan luwih dhisik. Rampung sarapan aku lan kulawargaku siap-siap banjur budhal menyang Pante Nglambor ing Gunung Kidul, Yogyakarta. Udakara jam 8.30 wektu Indonesia kulon, aku lan kulawargaku budhal menyang pante Nglambor migunakake Mobil. Saurut dalan aku nggatekake kahanan ing sakjabane mobil. Dalan sing menggak-menggok, munggah-mudun, tegal sawah sing jembar, gunung-gunung sing dhuwur, lan wit-witan kang Ijo Royo-royo nambahi endahing sesawangan.Saking senenge anggonku nyawang kaendahan alam iku mau, aku banjur keturon. Nalikane wis tekan Pante, aku digugah bapak lan ibukku. Mripatku sing kriyip-kriyip langsung melek nalika nyawang kaendahan ing pante kanthi pasir putihe iki. Aku seneng banget bisa nyawang kaendahan Pante Nglambor kanthi banyu pante sing bening, pasir putih, sarta watu karang kang endah. Saliyane kuwi, ana uga gubug saka pring sing bisa digunakake kanggo nyawang endahe kahanan ing sakiwa tengene pante. Rong jam suwene aku gelut karo banyu, keceh, lan dolanan banyu karo bapakku. Dene Ibukku nyawang aku lan bapak ing gubug sinambi moto aku lan kaendahan ing Pante Nglambor, Nalika wis kesel anggonku dolanan banyu, aku lan bapak ditimbali ibuk supaya maem gurame bakar bebarengan. Jam loro awan aku lan kulawargaku bali menyang Solo. Ing sadawane dalan aku nyawang kaendahan sing wis diparingke dening Gusti.Aku tekan ngomah jam setengah papat sore . Dina iki aku ngrasa seneng banget amarga bisa plesir menyang pante Nglambor kang endah banget. Gladhen 1 Tulisen tembung sing koanggep angel ing wacan “ Plesir Menyang Pante Nglambor”banjur golekanan tegese. Gatekna Tuladhane! No Tembung Ing Crito Tegese 1 Udakara Kira-Kira 2 Sarapan 3 Kulawarga 4 Budhal 5 Nyawang 6 Kriyip-kriyip 7 Sesawangan 8 Plesir 9 Digugah 10 Kahanan B. NGGOLEKI LAN NYRITAKAKE ISI CERITA PENGALAMAN Isi crita bisa dimangerteni manawa kowe maca crito kasebut kanthi premati lan bisa negesi tembung- tembung kang angel. Sawise kowe bisa nggolei tegese tembung-tembung sing angel saka crita “ Plesir menyang Pante Nglambor”, kowe mesthi luwih bisa nangkep apa sing dadi isine crita.Ing Ngisor iki ono gladhen-gladhen sing kudu kok rampungake. Gladhen 2 I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki miturut wacan “Plesir menyang Pante Nglambor” 1. Apa irah-irahan crita pengalaman ing dhuwur? 2. Jam pira paraga “aku” budhal menyang Pante Nglambor? 3. Sapa sing dolan plesir menyang Pante nglambor? 4. Apa wae kang dilakoni dening paraga “Aku” ing pante nglambor? 5. Kaya apa kahanane pante Nglambor kui? II Tulisen pokok-pokok crita kang ana ing Crita “ Plesir menyang Pante Nglambor”. III Sakiki critakna maneh isi crita kasebut, tulisen ana ing buku gladhenmu! Critakna nganggo basa padinanmu kang becik lan nganggo Basa Krama C. NEMTOKAKE TOPIK LAN NULIS POKOK-POKOK CRITA PENGALAMAN Sakdurunge nulis crita Pengalaman. Kowe kudu nemtokake topik yaiku inti utawa bakune crita. Topik kang ditemtokake nalika gawe cerita pengalaman yaiku topik sing bisa narik kawigatene sing Maca. Tuladhane : Plesir menyang Grojogan Sewu, Karyawisata ana ing lawing sewu, lan Hadiah saka Bapak lan ibu nalika aku juwara kelas. Gladhen 3 I. Coba goleka 5 topik pengalaman urip liyane sing bisa ditemoni dening bocah saumuranmu! II Tindakna tugas ing ngisor iki miturut dhawuhe ! 1. Karo kaluwargamu, pilihen salah siji topik crito kang wis kok temtokake sadurunge mau. 2. Tulisen pokok-pokok kang bisa digawe saka topik kuwi mau 3. Garape ana ing buku gladhenmu! D. NULIS CRITA PENGALAMAN Crita pengalaman yaiku kedadeyan utawa prastawa kang wis dilakoni. Nulis pengalaman pribadi luwih gampang tinimbang nulis crita fiktif amargi pengalaman pribadi kui pengalamane dhewe kang wis tau dilakoni. Apa Maneh pengalaman iku mau pengalaman kang narik kawigaten sing tansah gawe eling. Nulis crita pengalaman kang narik kawigaten iku nduweni tata urutan. Saiki coba kowe gatekna tata urutan Crita pengalaman ing wacan “Plesir menyang Pante Nglambor”! a. Nulis Irah-irahan crita. Tuladha : “Plesir menyang Pante Nglambor” b. Purwakane Crita. Tuladha : Aku seneng banget nalika dina Minggu Tiba, amarga aku lan kulawarga bakalan menyang pante. c. Intine Crita. Tuladha : Panganggit entuk pengalaman nyenengake yaiku bisa nyawang kaendahan Pante Nglambor lan marem anggone dolanan banyu. d. Panutupe Crito. Tuladha : Sawise plesir saka Pante Nglambor atine Panganggit seneng banget amarga entuk pengalaman bisa nyawang kaendahan Pantai Nglambor ing Tlatah Gunung Kidul. Gladhen 4 I. Coba eling-elingen manehpengalamanmu kang koanggep narik kawigaten lan angel dilalekake. Adhedhasarcarane nulis crita pengalaman lan cengkorongan ing crita pengalaman, coba saiki kowe ajar nulis crita pengalamanmu dheweing buku tulis kanthi rapi! II Manawa anggonmu nulis crita pengalaman wis rampung, andharna crita pengalaman kang kotulis ing ngarepe kaluwargamu banjur rekamen nganggo HP lan dikirim marang gurumu. GLADHEN KOMPETENSI 02 I. Golekanan tegese tembung ing sisih ngisor sing mathuk karo pratelan ing sisih dhuwur! 1. Ing sisih kiwa lan sisih tengen 2. Ing sisih jaba. 3. Dolan menyang salah sawijining papan panggonan. 4. Mangkat, lunga. 5. pemandhangan 6. Sadawane dalan 7. Nganggo 8. Papan meh podo omah, digawe saka pring. 9. Kanthi bareng-bareng 10. Nametake, nonton. a. Plesir f. Saurut dalan g. b. Sakiwa tengene h. migunakake i. Nyawang Budhal j. Sajabane c. Gubug d. Bebarengan e. Sesawangan 03 WULANGAN 3 PRASTAWA ALAM OMPETENSI INTI KI 1 : Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. KI 2 : Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru, KI 3 : Memahami pengetahuan factual dan konseptual dengan cara mengamati, mendengar, melihat, membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah dan tempat bermain. KI 4 : Menyajikan pengetahuan factual dan konseptual dalam Bahasa yang jelas, logis dan sistematis, dalam karya yang estetis, dalam Gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam Tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kelas 3 semester 2 OMPETENSI dasar Dan ujuan pembelajaran 1.1 : Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa 2.2 : Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun, ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa ( unggah-ungguh basa). 3.2 : Mengapresiasi cerita pengalaman yang menarik. 4.2 : Menulis dan menyajikan cerita pengalaman yang menarik menggunakan ragam ngoko, ujuan pembelajaran Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa mampu: 1. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam tembang 2. Menjawab pertanyaan tentang isi tembang dalam ragam krama. 3. Menceritakan Kembali isi tembang dalam ragam krama. 4. Mengidentifikasi topik cerita tentang peristiwa alam. 5. Menuliskan pokok-pokok cerita tentang peristiwa alam. 6. Menulis cerita tentang peristiwa alam dalam ragam ngoko. 7. Menyajikan cerita tentang peristiwa alam dalam ragam ngoko dengan cara membaca karangan sendiri secara nyaring. Kelas 3 semester 2 Prastawa alam Prastawa alam yaiku kedadeyan kang ana ing alam ndonya iki gegayutane karo samubarang kang ana ing ndonya iki, lan kadadeyan iki alami ana ing ndonya tanpa digawe-gawe menungso. Tuladhane Prastawa alam iku kayata Gunung mbledhos, grahana srengengene, grahana rembulan, tsunami, banjir, udan lan sapiturute. Anane prastawa alam iku nandhakake keagungan GustiKang Murbeng Dumadi. Mula kita minangka manungsa kang diciptakake dening Gusti, kudu tansah eling lan syukur marang kabeh-kabeh kang diciptakake dening Gusti. Prastawa alam iki uga tandha lan pralambang menawa kita kudu njaga alam iki kanthi becik lan ora sakarepe dhewe marang alam iki. A. MAHAMI TEMBANG DOLANAN Lir Ilir Laras Slendro Pathet Manyura Lir I – lir lir i- lir tan- dur- e wes su- mi- lir 6 6 12 6 6 12 6 6 3 5 6 6 5 Tak 1- jo ro- yo ro- yo tak- seng- guh te- man-ten a-nyar 3 3 3 3 3 6 6 5 5 2 5 3 2 1 216 Cah a-ngon cah a-ngon pe-nek-na blim-bing ku-wi 6 6 12 6 6 12 6 6 3 5 6 6 5 Lu-nyu lu-nyu pe-nek-na kang- go ma-suh do-dot-i-ra 3 3 3 3 3 6 6 5 2 2 5 3 2 1 216 Do-dot i- ra ku-mi-tir be-dhah ing ping-gir 6 66 1 2 6 6 3 5 6 6 5 Don-dom-a-na jlu-mat-a-na kang-go se-ba meng-ko so-re 3 3 3 3 3 6 6 5 2 2 5 3 2 1 21 6 Mum-pung ge-dhe rem-bu-la-ne mum-pung jem-bar 2 1 2 3 2 1 21 6 2 1 2 3 2 Ka-la-ngane 1 21 6 Ya – su- rak- a su-rak hi yo 6 6 53 56 2 32 1 216 Tembang dolanan ing dhuwur arupa tembang dolanan babagan kuwasane Gusti sing arupa alam. Coba sakiki gatekna tembung-tembung angel lan tegese kang ana ing tembang dolanan lir ilir ing dhuwur. A. MAHAMI TEMBANG DOLANAN Tembang dolanan ing dhuwur arupa tembang dolanan babagan kuwasane Gusti sing arupa alam. Coba sakiki gatekna tembung-tembung angel lan tegese kang ana ing tembang dolanan lir ilir ing dhuwur. NO Tembung Tegese 1 Ilir Kipas 2 Sumilir Ilir 3 Ijo royo-royo Warna Ijo Enom 4 Tak sengguh Takkira 5 Cah Angon Bocah sing gaweane angon 6 Masuh kewan Ngumbahi, Ngresiki 7 Dodoti Klambi 8 Bedhah Suwek 9 Jlumat Ndondomi jarit sing suwek 10 Kalangan Srengenge Gladhen 1 Tindakna dhawuhe ing ngisor iki kanthi mandiri! I. Sawise kowe mangerteni tegese tembung angel saka tembang dolanan ing dhuwur, coba sakiki wangsulana pitakonan ing ngisor iki! 1. Apa irah-irahantembang ing dhuwur? 2. Sapa sing diangkon menek wit blimbing. 3. Apa sing dimasuh? 4. Tembung jlumatono tegese? 5. Tegese tembung kalangan iku apa? II. Sakiki gawea 5 pitakonan ngenani tembang dolanan Lir Ilir ing dhuwur banjur wangsulana kanthi migunakake basa krama ! B. NYRITAKAKE ISI TEMBANG ILIR ILIR KANTHI BASA KRAMA Kanthi mengerteni tegese tembang mesti bisa mangerteni apa isi tembang kasebut. Luwih becik maneh menawa sak liyane mangerteni tegese tembung kudu mangerteni uga kramane saka tembung-tembung mau. Mula gatekna maneh cakepan tembang ilir-ilir ing ngisor iki lan tembung ngoko. Sarta kramane ing tembang kuwi. NO Tembung Tegese 1 Tandure Tetuwuhanipun 2 Wus Sampun 3 Anyar Enggal 4 Kuwi Punika 5 Cah Lara 6 Mengko Mangke 7 Ing Wonten 8 Sore Sonten 9 Gedhe Ageng 10 Jembar Wiyar Kowe wis mangerteni tegese tembung lan kramane saka tembung-tembung ing tembang Ilir-ilir ing dhuwur. Mesthine kowe wis mangerteni isine tembang Ilir-Ilir. Gladhen 2 Coba sakiki critakna maneh apa isi tembang Ilir-Ilir migunakake basa krama ana ing buku gladhenmu. C. TEKS PRASTAWA ALAM Kedadeyan utawa prastawa ing alam iku wis mlaku manut karo kang samestine. Kadadeyan alam iku ana sing gawe untung lan ana uga sing gawe rugi. Coba kok gatekna gambar babagan prastawa alam ing ngisor iki. Lindhu Lindhu iku prastawa obahe bumi kang disebabake dening kekuwatan ing sajrone bumi. Lindhu iku tekane ora bisa dimangerteni jalaran pancen ora bisa dibedhek kapan anane. Manungsa among bisa niteni yen wis ana tandha- tandha geter sing wis ditulis dening seismograf. Seismograf yaiku piranti mligi sing digunakake kanggo nyathet gedhe cilice lindhu. Miturut sumber getere, Lindhu bisa kaperang dadi telu. Yaiku lindhu sing cethek, sing tengahan, lan sing jero. Lindhu sing paling mbebayani lan nuwuhake kurban akeh iku biyasane sing sumbere cethek yaiku sing cedhak karo lumahing bumi. Kaphethik saka buku Widya Basa Jawa 3 Kaca 110 1. Nemtokake Topik Prastawa Alam Topik yaiku inti utawa bakune crita Topik ditemtokake nalika gawe crita pengalamanyaiku topik sing bisa kawigatene sing moco. Saengga ana pepinginan maca saka sing maca marang crita pengalaman sing digawe. Topik ana teks prastawa ing dhuwur yaiku Lindhu. 2. Nulis Pokok-pokok Crita Prastawa Alam Coba gatekna maneh crita prastawa Alam “ Lindhu” ing dhuwur. Pokok –pokok crita prastawa alam ngenani lindhu ing dhuwur menawa dipilah kaya ing ngisor iki. NO POKOK CRITA 1 Definisi lindhu Lindhu iku prastawa obahe bumi kang disebabake dening kekuwatan ing sajrone bumi. 2 Wektu dumadhine lindhu Lindhu iku tekane ora bisa dimangerteni jalaran pancen ora bisa dibedhek kapan anane. Manungsa among bisa niteni yeLnindwhisu ana tamdha-tandha geter sing wis ditulis dening seismograf. 3 PiLrainndtihkuanikgugoprnaysatathweat lionbdauhe bumi kang disebabake deningSekeiskmuowgartaafnyainikguspaijrraonntei mbluigmi is.inLgindihguunikaukatkeekaknaengogroa bisa dnimyatnhgeetrgteendihjealcairliakne lpinadnhcue.n ora bisa dibedhek kapan an4aneJ. inise Lindhu Miturut sumber getere, Lindhu bisa kaperang dadi telu yaiku lindhu sing cethek,sing tengahan, lan sing jero 3. Nulis crita babagan Prastawa ALAM Sawise ngerti pokok-pokok crita ing teks Prastawa Alam kang kudu dicritakake mesthie kowe wis bisa nulis crita ngenani Prastawa Alam. Gatekna Tuladha prastawa alam ing ngisor iki kanthi premati ! Longsor Longsor yaiku prastawa obahe lemah kang bisa ngakibatke wewatuan padha tiba lan lemah padha ambrol. Material kuwi minangka bageyan saka gunung utawa galengan sing ucul, saengga bisa kedadeyan longsor. Longsor umume ana ing daerah gunung. Longsor ana pirang-pirang jinis, ing antarane yaiku longsor translasi, longsor rotasi, obahe blok, ambrole watu, rembetan lemah, lan aliran bahan rombakan. Dene kang nyebabake longsor iku antarane yaiku : • Erosi sing disebabake dening kali utawa gelombang laut sing gawe lereng-lereng kang nguwatiri. • Udan deres. • Lindhu kang nyebabake longsore lemah kang gampang ambrol. • Wit-witan kang ditebang kanthi sakpenake dhewe saengga nyebabake lereng ora seimbang. • Abot sing ditanggung lereng, tuladhane amarga akeh dibangun pomahan ing lereng gunung. Longsor iku mbebayani banget, saengga kudu dicegah, carane nyegah longsor iki antarane : • Gawe terasering • Ora gawe lahan kanggo sawah ing lereng sing cedhak karo pomahan. • Ora nebangi wit-witan kanthi sakpenake dhewe. • Ora mbangun omah ing ngisor tebing lan ing pinggir kali sing rawan longsor. Nyegah longsor bisa dilakoni wiwit sakiki kanthi kesadaran saben pribadi supaya ora kedadeyan kahanan sing ora Gladhen ngenani prastawa alam 2 Coba sakiki gawea crita migunakake basa ngoko. GLADHEN KOMPETENSI 03 I. Golekana tembung-tembung krama ing sisih tengen sing mathuk karo tembung ngoko sisih kiwa. 1. Bisa a. Ningali f. Boten 2. Anyar b. Enjing g. Wonten 3. Nametake c. Dalu h. Damel 4. Bengi d. Enggal i. Dhahar 5. Ora e. Saged 6. Pasar j. 7. Esuk Peken 8. Ana 9. Maem 10. Gawe . II. Wangsulana Pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener! 1. Miturut tembang Ilir-ilir, sing bedhah pinggire iku apa? 2. Ana ing tembang Ilir-ilir, tegese tembung dodot iku apa? 3. Basa Kramane tembung gedhe iku apa? 4. Sebutna tuladhane Prastawa alam! 5. Sebutna tuladhane prastawa alam sing biyasane ana ing sasi rendheng! 04 WULANGAN 4 aksara jawa OMPETENSI INTI KI 1 : Menerima dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. KI 2 : Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru, KI 3 : Memahami pengetahuan factual dan konseptual dengan cara mengamati, mendengar, melihat, membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah dan tempat bermain. KI 4 : Menyajikan pengetahuan factual dan konseptual dalam Bahasa yang jelas, logis dan sistematis, dalam karya yang estetis, dalam Gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam Tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kelas 3 semester 2 OMPETENSI dasar Dan ujuan pembelajaran 1.1 : Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa 2.2 : Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun, ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa ( unggah-ungguh basa). 3.2 : Mengapresiasi cerita pengalaman yang menarik. 4.2 : Menulis dan menyajikan cerita pengalaman yang menarik menggunakan ragam ngoko, ujuan pembelajaran Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa mampu: 1. Mengenal duapuluh aksara Jawa Legena (Ha sampai Nga). 2. Membaca duapuluh aksara Jawa Legena (Ha sampai Nga). 3. Menulis duapuluh aksara Jawa Legena (Ha sampai Nga). 4. Membaca kata-kata sederhana berhuruf Jawa legena dengan aksara dari Ha sampai dengan Nga. 5. Membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa legena dengan aksara dari Ha sampai dengan Nga. 6. Menulis kata-kata sederhana berhuruf Jawa legena dengan aksara dari Ha sampai dengan Nga. 7. Menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa legena dengan aksara dari Ha sampai dengan Nga. Kelas 3 semester 2 Aksara Jawa Ayo padha ngaturake rasa sokur marang Gusti amarga Kita wis kasil nyinaoni materi-materi sakdurunge. Ing piwulang iki kita bakal nyiaoni babagan aksara Jawa Legena. Minangka wong Jawa awake dhewe kudu mongkog amarga awake dhewe duwe aksara dhewe wujud aksara Jawa Legena. Ora akeh wong ing Donya iki sing duweni aksara dhewe. Mulo ayo pada nguri-uri aksara Jawa iki. Aja nganthi minangka wong Jawa awake dhewe ora ngerteni ngenani aksara Jawa, Nyinaoni Aksara Jawa iku sejatine gampang angger sregep sinau lan nggledhi terus anggone nulis aksara Jawa . Mulo ayo padha semangat anggone nyinauni materi Babagan Aksara Jawa. A. NGENAL AKSARA JAWA LEGENA Aksara Jawa Legena yaiku aksara Jawa sing isih wutuh utawa during oleh sandhangan. Aksara Jawa iku cacahe ana 20. Wujude saka aksara Ha teka aksara Nga. Saka 20 aksara jawa iku wujude beda-beda ananging ana wujud sing meh padha. Mulo kudu tliti lan ngati-ati anggone nulis aksara Jawa supaya ora kliru panulisane. Gatekna aksara jawa Legena ing ngisor iki. Gladhen 1 Tulisen aksara ing ngisor iki nganggo aksara Jawane! …. …. …. ….. ,,,, …. …. ….. …. …. …. ….. …. …. …. ….. …. …. ….. ….. B. NULIS AKSARA JAWA Panulisan aksara Jawa ora padha karo aksara latin sing ditulis ing dhuwur garis. Aksara Jawa ditulis ana ing ngisor garis. Carane nulis aksara Jawa biyasane diwiwiti saka ngGisolar dhen 2 Ha …. Da …. Pa …. Ma …. Na …. Ta …. Dha …. Ga …. Ca …. Sa …. Ja …. Ba …. Ra …. Wa …. Ya …. Tha …. Ka …. La …. Nya …. Nga …. C. MACA TEMBUNG LAN UKARA MIGUNAKAKE AKSARA JAWA LEGENA Menawa kowe wes paham lan wis ngerti kaya apa wujude aksara Jawa Legena saka Ha tekan Nga, Mesthine kowe saiki bisa maca tembung lan ukara kang ditulis migunakake aksara Jawa Legena. Saiki coba gatekna Tuladhane tembung kang tinulis migunakake aksara Jawa ing ngisor iki! Tuladha : 1. = Ana 2. = Nata 3. = Tapa 4. = Padha 5. = Dhara Ing Dhuwur iku tuladhane tembung kang ditulis migunakake aksara Jawa Legena. Sakiki gatekna tuladha ukara ing ngisor iki kang tinulis migunakake aksara Jawa Legena! 1. = Ana Dhara Lara 2. = Nata bata sanga 3. = Cara Padha Maca 4. = Rada Lara Lapa 5. = Kala Nata Bata Gladhen 3 I. Wacanen tembung-tembung kang migunakake aksara Jawa Legena ing ngisor iki banjur tulisen ing aksara latin. 1. = …. 2. = …. 3. = …. 4. = …. 5. = …. II. Wacanen Ukara kang tinulis migunakake aksara Jawa ing Ngisor iki banjur tulisen latine. 1. = .... 2. = …. 3, = …. D. NULIS TEMBUNG LAN UKARA MIGUNAKAKE AKSARA JAWA LEGENA Sawise mangerteni babagan carane maca tembung lan ukara kang ditulis migunakake aksara Jawa Legena, mesthi wis padha bisa nulis tembung lan ukara kang tinulis migunakake aksara Jawa Legena. Sejatine nulis tembung lan ukara migunakake aksara Jawa Legena iku gampang banget manawa wis mangerteni kaya apa urut-urutane nulis migunakake aksara Jawa lan manawa wis apal wujude aksara Jawa Legena. Amarga nulis aksara Jawa Legena iku nulis aksara Jawa kang esih wutuh lan during ketambahan paGsalangdahneutnawa sandhangan. 4 I. Genepna tabel ing ngisor iki Kanthi nulis Aksara Jawa Legena! AKSARA JAWA LEGENA HA NA CA RA KA DA TA SA WA LA PA DHA JA YA NYA MA GA BA THA NGA II. Tulisen Migunakake Aksara Jawa ing tembung kang Warnane beda! 1. Ana Wanara ing Ngastina : ………. 2. Bathara Nala lungguh ing dhampir kencana : …………. 3. Aku golek Jeruk ing wana : ………. 4. Pipine Dodi rodo lara : …………… 5. Sapi Kalebu Raja Kaya: ……………….. III Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa Legena! 1. Aja padha lara lapa. 2. Nagara kaya apa. 3. Cara maca basa Jawa. 4. Raga kaya rada lara. 5. Kaya-kaya ana wanara. KAPUSTAKAAN Sofwan. 2011. Kawruh Aruming Basa. Surakarta: Widya Duta Grafika. Sutardjo, Imam. 2011. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS. Suparmin, dkk. 2013. Piwulang Basa VIIA. Surakarta: Mediatama. Sumarlam, dkk. 2014. Widya Utama Basa Jawa 3. Surakarta: Tiga Serangkai Pustaka Mandiri. MATURNUWUN